KPKL 71 Gusti Yesus Nandhang Sangsara
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti manah kawula
mugi Tuwan kekahi
Badhe ngraosken sangsara
anggen Tuwan nglampahi
Iba gung ing palimirma
lan sih Tuwan mring tyang dosa
Ngantos ngrembat dosanya setyaning piwelas
Tuwan kang nyawisi karaharjan
Pinujia slamanya
2
Nadyan Tuwan wujud Allah
Suteng Allah kekasih
Tuwan nyanggi doseng jagad
Nandhang sungkaweng galih
Panyidra binantu nraka
Wit saking gunging cintraka
Lir tinuwek kalbunya
Sambat Tuwan : Adhuh Rama
Kang mugi tuwung punika
Langkunga ing Kawula
3
Riwe rudira crocosan
srira tempel pratala
Gustining swarga srusambat
mindhak sekel ing proyo
Winratan ing siksa kula
Sih w’las Tuwan mring tyang dosa
unggul ing dalem kalbu
Badhe nebhus tyang dosa gung
srah klayan sabar linangkung
Maring rodraning satru
4
Ratu salam Suteng Allah
Lir durjana binanda
Tuwan tampi sikseng panrak
Mangka suci priyangga
Ingawonken kendel sabar
Tyang ngangsa-angsa rah Tuwan
Tuwan tan alenggana
Maringken badhe sinaos
Mring Allah, nirken supaos
Kang dhateng tyang duraka
5
Liningsem dados tingalan
Nging tulus mulyeng praya
Tuwan nyabari kacidran
Lan gung panganiaya
Ingajap wit jaman kina
Nging samangkin tan sinudya
Tinampik dening umat
Setya ing sih nging sinelak
Ing mitra Tuwan piyambak
Kang ajrih kinawruhan
6
Tuwan dados kurban mulya
Kang sinelir ing Allah
Ngrembat dosa lan siksanya
Temah nebus ing jagad
Suci mulus, sabat minggah
Murugi ing paukuman
Lir menda sembelehan
Tyang duraka cinawisan
Kamulyan dening rah Tuwan
Nglenggahi prajanjian
7
Seda Tuwan nglipur kula
Rinuwat saking dosa
Nglebur paukuman kula
Temah manah santosa
Lejar betah kasusahan
Dening pangrehing Roh Tuwan
Kang Tuwan angsalaken
Kula margi ndherek pejah
Inggih ugi ndherek gesang
Dugeng kamulyan langgeng

OK