KPKL 77 Wungunipun Gusti Saking Padununganipun Tiyang Pejah
1=G 3/4,2/4
Versi Version 1
1
Daweg sami abebingah
Ing dinten Paskah niki
Sarta memuji mring Allah
Saha malih mring Gusti
Kang kasalib temahan
Pinaringan kamulyan
Sampun seda lajeng wungu
Ginesangaken saestu
2
Gusti kula tan kasoran
Dening pati tan dangu
Lajeng nilar pakuburan
Miyos lir pendah ratu
Dhasar Gusti kang menang
Dados ratuning gesang
Yogya sami den sujudi
Kang sarta pinundhi-pundhi
3
Kanca, sami den rumaos
Pinaringan kabegjan
Dene samangke pitados
Maring Gusti Panutan
Kang gesang, darbe kwasa
Ngantos slami-laminya
Saged ngirid para umat
Wonten margining akerat
4
Ya ta Gusti kang njangkungi
Umatipun sadaya
Tan pegat amitulungi
Anggen kula pracaya
Sinten kang boten girang
Gadhah Panutan gesang
Kang pinunjul ing kamulyan
Boten tanggel ginendholan?
5
Nadyan tumeka ing janji
Kula boten sumelang
Saestune badhe tangi malih
Gusti kang gesang
Inggih badhe rumeksa
Mring nyawa kula samya
Dene yen estu katrima
Badhe kairid mring swarga
6
Daweg, kanca sami pasrah
Mring Gusti pejah gesang
Den anut kang trus ing manah
Sageda tumut menang
Kalih dosa lan pejah
Hawa sami den cegah
Drapon manggiha wilujeng
Sarta antuk gesang langgeng

OK