KPKL 80 Wungunipun Gusti
1=Es 4/4
Versi Version 1
1
Swawi pra kanca girang memuja
Kristus sinalib agesang malih
Pamarta mami wungu sayekti
Sampun tinitik Ratuning urip
Gusti Panebus prange wus unggul
Pati wus kalah, antupe ical
2
Tyang Kristen samya girang muja
De paukuman bebendhu laknat
Wus sirna estu
Gusti wus wungu
Kristus nguculi rantening pati
Sung gesang langgeng
Mring kang ngandelken
Kula tyang dosa sinungan uga
3
Salumah bumi badhe ngurmati
Gusti kang seda lan wungu uga
Swawi salir tyang kang karibedan
Swasi ngungseni piwlase Gusti
Ndherek anyangga kalingsemannya
‘Ja ajrih pejah Gusti kang menang
4
Mara mujia, eh jagad wrata
Gusti Panutan Ratuning gesang
Urip kang langgeng
Wus linairken
Mara tangia king sagung dosa
Ngambaha dalan ing kautaman
Gusti murugken mring gesang langgeng
5
Dhuh Yesus Gusti Allah sejati
Kang mengku gesang kul’abdi Tuwan
Saya ngraketa lan tinunggilna
Ing pejah gesang klayan Sampeyan
Drapon utami lampahing abdi
Tuwan pinuja slami-laminya

OK